Sony Xperia L - Nonton video ing aplikasi Film

background image

Nonton video ing aplikasi Film

Gunakake aplikasi Film kanggo muter film lan konten video liyane sing wis disimpen

utawa diundhuh ing piranti. Aplikasi Film uga ngewangi sampeyan ngolehi poster film,

ringkesan plot, info genre lan rincian sutradara kanggo saben film. Sampeyan uga bisa

muter film ing piranti liyane sing disambung karo jaringan sing padha.

Video sing dijupuk nganggo kamera piranti ditampilake ing aplikasi Album, ora ing aplikasi

Film.

Sawetara file video bisa uga ora bisa diputer ing aplikasi Film.

Ringkesan Film

1

Bukak aplikasi Video Unlimited

2

Deleng opsi menu

3

Tutul kanggo muter video sing bubar ditonton

4

Telusuri kabeh video sing diundhuh utawa disimpen ing piranti

5

Tutul kanggo muter file video sing disimpen utawa diundhuh

6

Tutul kanggo ndeleng kabeh video ing Video Unlimited

7

Tutul kanggo ndeleng rincian video ing Video Unlimited

Sony Entertainment Network karo Video Unlimited lan Music Unlimited ora kasedhiya ing

kabeh pasar. Dibutuhake langganan kapisah. Syarat lan katemtuan tambahan berlaku.

Muter video ing Film

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul Film.

2

Golek banjur tutul video sing arep diputer. Yen video ora ditampilake ing layar,

tutul Kabeh ing tab Koleksiku, banjur golek lan tutul video sing pengin diputer.

3

Kanggo nampilake utawa ndhelikake kontrol, tutul layar.

4

Kanggo ngaso, tutul . Kanggo nerusake muter, tutul .

5

Kanggo nggulung mundhur cepet, seret pananda garis progres ngiwa. Kanggo

nggulung maju cepet, seret pananda garis proges nengen.

84

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Muter video ing mode layar wutuh

1

Nalika video lagi diputer, tutul layar kanggo nampilake kontrol.

2

Tutul .

Sampeyan mung bisa ngalih menyang mode layar wutuh yen video durung diputer ing mode

layar wutuh. Kanggo muter video ing ukuran sing asli, tutul .

Muter video ing piranti eksternal

1

Nalika video diputer, tunyuk layar kanggo nuduhake kabeh kontrol.

2

Tutul > Throw.

3

Pilih piranti eksternal kanggo muter video. Yen ora ana piranti eksternal sing

kasadhiya, tututi instruksi ing layar kanggo nambahake piranti.

Ngowahi setelan ing Film

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul Film.

2

Tutul , banjur owahi setelan kaya sing dikarepake.

Nggenti setelan swara nalika video lagi muter

1

Nalika video diputer, tutul layar kanggo nuduhake kontrol.

2

Tutul , banjur tutul Setelan swara.

3

Tandhani kothak centhang kanggo setelan swara sing pengin diuripake.

4

Yen wis rampung, tutul OK.

Enggo bareng video

1

Nalika video lagi muter, tutul , banjur tutul Tuduhake.

2

Ing menu sing mbukak, tutul aplikasi sing arep digunakake kanggo enggo bareng

video sing dipilih, banjur tindakake langkah sing cocog kanggo ngirim.