Sony Xperia L - Layanan lan sumber lokasi

background image

Layanan lan sumber lokasi

Gunakake piranti kanggo mangerteni sampeyan lagi ing ngendi. Ana rong cara, utawa

sumber: satelit GPS lan jaringan nirkabel. Aktifake pilihan jaringan nirkabel (jaringan Wi-Fi

and seluler) yen sampeyan mung mbutuhake lokasi sing nyedhaki, lan pengin cepet

ngerti. Yen pengin ngerti posisi sing luwih pesthi, lan langite resik, aktifake pilihan satelit

GPS. Menawa sambungan jaringan nirkabel ora kuwat, sampeyan kudu bisa ngaktifake

pilihan loro mau kanggo mesthekake yen lokasi wis ditemokake. Rong opsi kasebut

diaktifake kanthi gawan nalika sampeyan ngaktifake layanan lokasi.

Sony ora njamin akurasi samubarang layanan lokasi, sing kacakup nanging ora winatesan

layanan navigasi.

Ngaktifake layanan lokasi

1

Seret mudhun garis status, banjur tutul .

2

Tutul Layanan lokasi.

3

Seret slider ing jejere Akses menyang lokasiku menyang tengen.

4

Tutul Setuju pindho kanggo konfirmasi.

Yen sampeyan ngaktifake layanan lokasi, Satelit GPS lan Layanan panggonan Google (Wi-Fi

lan jaringan seluler) diaktifake kanthi gawan. Sampeyan bisa mateni salah siji opsi kanthi

manual.

Ngidini aplikasi Google ngakses lokasi sampeyan

1

Seret mudhun garis status, banjur tutul .

2

Tutul Google > Setelan panggonan.

3

Seret slider ing jejere Idini apl. Google akss panggon smpyn menyang tengen.

Sampeyan kudu mlebu menyang akun Google™ supaya bisa nggunakake layanan lokasi.