Sony Xperia L - Akun lan layanan

background image

Akun lan layanan

Mlebu ing akun layanan online saka piranti supaya entuk akses sing gampang nalika

sampeyan pindhah-pindhah. Contone, sampeyan bisa nggabungake kontak saka akun

Google™ menyang buku alamat, supaya kabeh disimpen ing sak panggonan.

Sampeyan bisa mlebu ing layanan online anyar saka piranti lan uga saka komputer.

Akun Google™

Duwe akun Google™ kuwi kunci kanggo nggunakake rerangken aplikasi lan layanan ing

telpon Android™. Sampeyan mbutuhake akun Google™, contone, kanggo nggunakake

aplikasi Gmail™ ing piranti, kanggo ngobrol karo kanca-kanca nganggo Hangouts™,

kanggo nyelarasake aplikasi tanggalan ing piranti sampeyan karo Google Calendar™.

Sampeyan uga mbutuhake akun Google™ sampeyan kanggo ngundhuh aplikasi lan

game, musik, film lan buku saka Google Play™.

Microsoft

®

Exchange ActiveSync

®

account

Selarasake piranti karo akun Microsoft

®

Exchange ActiveSync

®

perusahaan sampeyan.

Kanthi mangkene, sampeyan bisa nglacak email, kontak lan acara tanggalan perusahaan

kapan wae.

10

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Akun Facebook™

Facebook™ iku layanan jaringan sosial sing nyambungake sampeyan karo kaca,

kulawarga lan kolega sak donya. Atur wiwitan Facebook ben bisa dianggo ing piranti

supaya sampeyan bisa tetep bisa dikontak saka ngendi wae.

11

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.