Sony Xperia L - Nggunakake layar demek

background image

Nggunakake layar demek

Lembar plastik pelindhung ditempelake ing layar piranti nalika sampeyan tuku piranti iku.

Lembaran iki kudu diklethek sadurunge sampeyan nggunakake layar demek. Yen ora,

layar demek ora bisa digunakake kanthi bener.
Nalika piranti urip lan dienengake sawetara wektu, layar dadi peteng kanggo ngirit daya

baterei, lan ngunci kanthi otomatis. Kunci iki ngalangi tumindak tanpa kasengaja ing layar

demek nalika sampeyan lagi ora nggunakake piranti. Sampeyan uga bisa nyetel kunci

pribadhi kanggo njaga langganan lan pesthekake yen mung sampeyan sing bisa

ngakses isi ing piranti.

Layar piranti sampeyan digawe saka kaca. Aja ndemek layar yen kaca retak utawa pecah. Aja

njajal ndandani dhewe layar sing rusak. Layar kaca sentisif kena benturan lan goncangan

mekanis. Rusak amarga sembrono ora dijamin dening layanan garansi Sony.

Mbukak utawa nyorot item

Tunyuk item.

Nandhani pilihan

Kothak sing dicenthang

Kothak sing ora dicenthang

Urip

Mati

Nyenthang utawa mbusak pilihan

Tutup kothak sing cocog utawa oper ing jejere jeneng pilihan.

Zoom

Pilihan zoom sing kasedhiya gumantung menyang aplikasi sing digunakake.

15

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngatur ukuran

Tempelake driji loro ing layar banjur ciutake bareng-bareng (kanggo nyilikake)

utawa ambakake (kanggo nggedhekake).

Nalika sampeyan nggunakake driji loro ing layar kanggo ngatur ukuran, kuwi mau bisa

ditindakake yen driji loro ana ing area sing bisa diatur ukurane. Yen sampeyan, umpamane,

arep ngatur ukuran kanthi nggedhekake potret, priksa yen driji loro wis ana ing area pigura

potret.

Nggulung

Gulung kanthi ngobahake driji menduwur utawa mengisor ing layar. Ing sawetara kaca

web sampeyan bisa uga nggulung nyamping.

Nyeret utawa nggulung cepet ora bakal mengaruhi layar.

Nggulung

Seret utawa gulung cepet driji menyang arah sing arep digulung ing layar.

Kanggo nggulung luwih cepet, geser cepet driji menyang arah sing dipengini ing layar.

16

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggulung cepet

Kanggo nggulung luwih cepet, geser cepet driji menyang arah sing dipengini ing

layar. Sampeyan bisa ngenteni obahe nggulung nganti mandheg dhewe, utawa

bisa dumadakan nyetop kanthi nunyuk layar.

Sensor

Piranti sampeyan nduweni sensor sing ndeteksi cahya lan jarak. Sensor cahya ndeteksi

tingkat cahya sekitar banjur nyetel padhange layar sing cocog. Sensor jarak mateni layar

demek sajrone telpon swara nalika kuping sampeyan cedhak layar. Iki ngalangi supaya

ora sengaja ngaktifake sawetara fungsi piranti nalika sampeyan nelpon.