Sony Xperia L - Setelan telpon

background image

Setelan telpon

Ngalangi telpon

Sampeyan bisa ngalangi kabeh utawa kategori telpon mlebu lan telpon metu tartamtu.

Nalika sapisanan nggunakake ngalangi telpon, sampeyan kudu ngetik PUK (Personal

Unblocking Key) banjur ngetik sandhi anyar kanggo nguripake fungsi ngalangi telpon.

Ngalangi telpon mlebu utawa metu

1

Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2

Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Blok telpon.

3

Pilih salah siji.

4

Ketik sandhi banjur tutul Aktifake.

Nolak telpon nganggo pesen

Sampeyan bisa nolak telpon nganggo pesen sing wis disetel sadurunge. Nalika

sampeyan nolak telpon nganggo pesen sing kaya mengkono, pesen dikirim kanthi

otomatis menyang panelpon lan disimpen ing piranti sampeyan.
Enem pesen wis disetel ing piranti. Sampeyan bisa milih saka pesen-pesen sing wis

disetel iki, sing uga bisa diowahi yen perlu.

Yen arep nolak telpon kanthi pesen sing-wis disetel.

Seret Tolak nganggo pesen munggah, banjur-pilih pesen.

Nolak telpon kapindho kanthi pesen sing wis disetel

Nalika sampeyan krungu swara bip bola-bali sajerone nelpon, seret Tolak

nganggo pesen munggah, banjur pilih pesen.

Ngowahi pesen sing digunakake kanggo nolak telpon

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek lan tutul Setelan > Setelan telpon > Tolak telpon nganggo pesen.

3

Tutul pesen sing pengin diowahi, banjur genti saperlune.

4

Yen wis rampung, tutul OK.

Nerusake telpon

Sampeyan bisa nerusake telpon, contone menyang nomer telpon liya, utawa menyang

layanan panjawab.

Nerusake telpon

1

Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2

Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Terusake telpon.

3

Pilih salah siji.

4

Ketik nomer sing pengin dienggo nerusake telpon banjur tunyuk Aktifake.

Mateni terusake telpon

1

Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2

Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Terusake telpon.

3

Pilih opsi, banjur tutul Pateni.

41

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nuduhake utawa ndhelikake nomer telpon

Sampeyan bisa milih kanggo nuduhake utawa ndhelikake nomer telpon ing piranti

panrima nalika sampeyan nelpon.

Nuduhake utawa ndhelikake nomer

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Setelan tambahan > ID

panelpon.

Nomer Telpon Saluran Tetep

Yen wis nampa kode PIN2 saka panyedhiya layanan, sampeyan bisa nggunakake

dhaptar Nomer Telpon Saluran Tetep (FDN) kanggo matesi telpon metu.

Ngaktifake utawa mateni telpon winates

1

Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2

Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Nomer telpon tetep.

3

Tunyuk Aktifake telpon winates utawa Pateni telpon winates.

4

Ketik PIN2 banjur tutul OK.

Ngakses dhaptar panrima telpon sing dijawab

1

Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2

Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Nomer telpon tetep >

Nomer telpon tetep.

42

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.