Sony Xperia L - Teknologi TrackID

background image

Teknologi TrackID

Ngenali musik nggunakake teknologi TrackID

Gunakake layanan pangenalan musik TrackID™ kanggo ngenali trek musik sing

keprungu lagi diputer ing sakcedhake. Rekam wae sampel cendhak lagu lan sampeyan

bakal oleh info artis, judhul lan album ing etungan detik. Sampeyan bisa tuku trek sing

dikenali dening TrackID™ lan ndeleng denah TrackID kanggo ndeleng apa sing ditlusur

pangguna ing ndonya. Kanggo asil paling apik, gunakake teknologi TrackID™ ing

panggonan sing sepi.

Aplikasi TrackID™ lan layanan TrackID™ ora didhukung ing kabeh negara/wilayah, utawa

dening kabeh operator jaringan lan/utawa panyedhiya layanan ing kabeh wilayah.

Mbukak aplikasi TrackID™

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tunyuk TrackID™.

Sampeyan uga bisa nggunakake widget TrackID™ kanggo mbukak aplikasi TrackID™.

Ngenali musik nggunakake teknologi TrackID™

1

Saka Layar Ngarep, tutul

2

Golek lan tutul TrackID™, banjur arahake telpon menyang sumber musik.

3

Tutul . Yen track dikenali dening layanan TrackID™, kasil katon ing layar.

Kanggo bali menyang layar wiwitan TrackID™, pencet

.

Ndeleng tangga lagu TrackID™

Bukak aplikasi TrackID™, banjur tutul Gambar. Tangga lagu saka wilayah

sampeyan ditampilake.

Nggunakake kasil teknologi TrackID™

Informasi track katon yen aplikasi TrackID™ ngenali track. Sampeyan bisa milih tuku

track utawa nganggo bareng saka email, SMS utawa layanan jejaring sosial. Sampeyan

uga bisa entuk informasi luwih lengkap babagan artis ing track kasebut.

Tuku track sing dikenali aplikasi TrackID™

1

Yen track wis dikenali karo aplikasi TrackID™, tutul Unduh.

2

Tindakake instruksi ing piranti kanggo tuku.

Sampeyan uga bisa milih track sing arep dituku kanthi mbukak tab Riwayat utawa Gambar

saka layar wiwitan TrackID™.

Nuduhake track

1

Yen track wis dikenali karo aplikasi TrackID™, tutul Tuduhake, banjur pilih carane

nganggo bareng.

2

Tindakake instruksi ing piranti kanggo ngrampungake prosedur kasebut.

Ndeleng informasi artis kanggo track

Yen track wis dikenali karo aplikasi TrackID™, tutul Info artis.

Mbusak track saka riwayat track

1

Bukak aplikasi TrackID™, banjur tutul Riwayat.

2

Tutul judhul track, banjur tutul Busak.

3

Tutul Ya kanggo konfirmasi.

62

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.