Sony Xperia L - Nransfer kontak menyang piranti anyar

background image

Nransfer kontak menyang piranti anyar

Ana sawetara cara kanggo ngirim kontak menyang piranti anyar. Pilih cara kirim sing

paling cocok karo kahanan.

Ngirim kontak nggunakake komputer

Xperia™ Transfer lan Atur Wiwitan Kontak yaiku aplikasi ing sakjerone PC Companion

lan aplikasi Sony™ Bridge for Mac sing nulung sampeyan nglumpukake kontak saka

piranti lawas banjur ngirimake menyang piranti anyar. Aplikasi kasebut ndhukung

sawetara merek piranti, kalebu iPhone, Samsung, HTC, BlackBerry, LG, Motorola lan

Nokia.

Sampeyan mbutuhake:

Komputer sing nyambung menyang internet.

Kabel USB kanggo piranti sing lawas.

Kabel USB kanggo piranti Android™ sing anyar.

Piranti sing lawas.

Piranti Android™ sing anyar.

Nggunakake program PC Companion kanggo ngirim kontak

Yen sampeyan ngirim kontak nganggo PC, gunakake program PC Companion. Aplikasi

iki gratis, lan file panginstalan wis disimpen ing piranti sampeyan. PC Companion uga

nawakake maneka fitur, kalebu pitulung kanggo nganyarake piranti lunak piranti.

Nginstal PC Companion

1

Piranti anyar: Uripake piranti Android™ anyar banjur sambung karo PC kanthi

nggunakake kabel USB.

2

Piranti anyar: Tutul Instal kanggo instal PC Companion menyang PC.

3

Komputer: Yen jendhela nyembul katon menehi kabar bab piranti lunak PC, pilih

Aktifake Startme.exe.

4

Komputer: Klik Instal kanggo miwiti pamasangan banjur tindakake instruksi

kanggo ngrampungi pamasangan.

Ngirim kontak menyang piranti anyar nggunakake PC Companion

1

Pesthekake yen PC Companion wis diinstal ing PC.

2

Bukak program PC Companion ing PC, banjur klik Xperia™ Transfer utawa

Contacts Setup lan turuti prentah kanggo ngirim kontak.

Ngirim kontak nggunakake komputer Apple® Mac®

Kanggo instruksi rincian carane nggunakake komputer Apple Mac kanggo ngirim kontak

saka piranti sing lawas, pindhah menyang Transfer your contacts.

Ngirim kontak nganggo akun sinkronisasi

Piranti sampeyan cocog karo akun sinkronisasi online populer kayata Google Sync™,
Microsoft

®

Exchange ActiveSync

®

utawa Facebook™. Yen sampeyan wis nyelarasake

43

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

kontak ing piranti sing lawas utawa ing komputer nganggo akun online, sampeyan bisa

ngirim kontak menyang piranti anyar sing nggunakake akun kasebut. Kanggo informasi

rinci babagan sinkronisasi, waca Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan

ing kaca 103.

Nyelarasake kontak menyang piranti anyar nganggo akun singkronisasi

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur tutul .

2

Tutul , banjur tutul Setelan > Akun & sink.

3

Pilih akun sing pengin diselarasake karo kontak, banjur tutul > Selarasake saiki.

Sampeyan kudu mlebu menyang akun panyelarasan sing cocog sadurunge nyelarasake

kontak.

Ngirim kontak saka kertu SIM

Ngimpor kontak saka kertu SIM

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur tutul .

2

Penet , banjur tutul Impor kontak > Kertu SIM.

3

Yen sampeyan wis atur wiwitan akun sinkronisasi, sampeyan bisa milih kanggo

nambahake kontak kertu SIM menyang akun kasebut. Utawa sampeyan bisa milih

mung arep nggunakake kontak ing piranti. Pilih pilihan sing disenengi.

4

Kanggo ngimpor kontak individu, golek banjur tutul kontak kasebut. Kanggo

ngimpor kabeh kontak, tutul Impor kabeh.

Ngirim kontak saka kertu memori

Ngimpor kontak saka kertu memori

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur tutul .

2

Penet , banjur tutul Impor kontak > Kertu SD.

3

Pilih panggonan nyimpen kontak.

4

Pilih file sing pengin diimpor.

Nampa kontak saka piranti liyane

Nampa data kontak sing dikirim nganggo teknologi Bluetooth™

1

Pesthekake sampeyan wis nguripake fungsi Bluetooth™ lan piranti wis disetel

supaya katon. Yen ora, sampeyan ora bisa nampa data saka piranti liyane.

2

Nalika dijaluk supaya konfirmasi yen sampeyan arep nampa file apa ora, tutul

Tampa.

3

Seret mudhun panel Kabar banjur tutul file sing ditampa kanggo ngimpor data

kontak.

Kanggo nampa kontak sing dikirim kanthi nggunakake layanan olahpesen

1

Nalika nampa pesen teks anyar, pesen multimedia, utawa pesen email, bukak

pesen kasebut.

2

Dhata kontak sing ditampa katon minangka lampiran vCard. Tunyuk utawa tutul

terus file vCard kanggo mbukak menu supaya sampeyan bisa nyimpen data

kontak kasebut.

44

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.