Sony Xperia L - Smart Connect

background image

Smart Connect

Gunakake aplikasi Smart Connect kanggo nyetel apa sing kadadeyan ing piranti nalika

sampeyan nyambung utawa medhot sambungan aksesori. Sampeyan uga bisa

nggunakake Smart Connect kanggo nemtokake tumindak utawa gugus tumindak sing

spesifik kanggo nggiyatake piranti ing wektu-wektu tartamtu sedina-dinane.
Contone, nalika nyambung piranti tanpa nyekel, sampeyan bisa nyetel acara supaya

tumindak ing ngisor iki kagiyatake ing piranti sampeyan:

Antarane jam 7 nganti 9 esuk, nalika sampeyan mangkat nyambut gawe, aplikasi

"WALKMAN" wiwit, lan jlajah web mbukak koran esuk. Volume bel disetel kedher.

Ing ndalan bali saka nyambut gawe, radio FM wiwit, lan app cathetan mbukak nuduhake

dhaptar blanja.

Miwiti aplikasi Smart Connect

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Smart Connect.

Nggawe acara Smart Connect

1

Wiwiti aplikasi Smart Connection. Yen sampeyan mbukak Smart Connect pisanan,

tutul OK kanggo nutup layar atur pambuka.

2

Ing tab Acara, tutul .

3

Wenehi jeneng acara kasebut, banjur tutul Gawe.

4

Ing Kapan, tambahake aksesori utawa interval wektu, utawa loro-lorone.

5

Ing Tindakake, tambahake ing piranti apa sing arep kedadeyan.

6

Ing Pungkasan, tambahake apa sing arep kedadeyan yen sampeyan medhot

aksesori utawa yen interval wektu tekan pungkasan. Yen kahanan loro-lorone wis

ditemtokake, tindakan bakal wiwit yen sampeyan medhot aksesori, utawa yen

interval wektu tekan pungkasan.

7

Kanggo nyimpen acara, penet .

Kanggo nambah aksesori Bluetooth®, pisanane sampeyan perlu nggathukake karo piranti

sampeyan.

Ngowahi acara Smart Connect

1

Wiwiti aplikasi Smart Connection.

2

Ing tab Acara, tutul salah siji acara.

3

Yen acara dipateni, seret panggeser nengen.

4

Owahi setelan kaya sing dikarepake.

5

Kanggo nyimpen acara, tutul .

Kanggo mbusak entri sing salah, tutul terus entri kasebut, banjur tutul > Busak acara lan

tutul Busak kanggo ngonfirmasi.

Ngatur piranti

Gunakake aplikasi Smart Connect kanggo ngatur akeh aksesori cerdas sing bisa

disambungake menyang piranti, kalebu SmartTags, SmartWatch lan Smart Wireless

Headset pro saka Sony. Smart Connect ngundhuh kabeh aplikasi sing dibutuhake lan

uga nemokake aplikasi pihak katelu yen kasedhiya. Piranti sing nyambung sadurunge

dituduhake ing dhaptar supaya sampeyan bisa entuk informasi luwih lengkap babagan

fitur saben piranti.

Masangake lan nyambungake aksesoris

1

Wiwiti aplikasi Smart Connection. Yen sampeyan mbukak Smart Connect kaping

pisanan, tutul OK kanggo nutup layar pambuka.

2

Tutul Piranti, banjur tutul .

3

Tutul OK kanggo miwiti golek piranti.

4

Ing dhaptar kasil tlusur, tutul jeneng piranti sing pengin ditambahake.

101

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngatur setelan kanggo aksesoris sing nyambung

1

Pasangake lan smabungake aksesoris karo piranti.

2

Wiwiti aplikasi Smart Connection.

3

Tutul Piranti, banjur tutul jeneng aksesoris sing nyambung.

4

Atur setelan sing dipengini.

102

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.