Sony Xperia L - Deteksi pasuryan

background image

Deteksi pasuryan

Sampeyan bisa nggunakake deteksi pasuryan kanggo ngowahi pasuryan sing ora fokus

supaya bisa fokus. Kamera kanthi otomatis bisa ndeteksi nganti limang pasuryan, sing

dituduhake pigura putih. Pigura kuning nuduhake pasuryan endi sing dipilih kanggo

fokus. Fokus diset menyang pasuryan sing paling cedhak karo kamera. Sampeyan uga

bisa nunyuk salah sijine pigura kanggo milih pasuryan endi sing arep dianggo fokus.

Nguripake deteksi pasuryan

1

Uripake kamera.

2

Tutul lambang ing sisih kiwa ndhuwur layar, banjur pilih Normal.

3

Kanggo nuduhake kabeh setelan, tutul .

4

Tutul Mode fokus > Deteksi praupan.

Njupuk potret kanthi nggunakake deteksi pasuryan

1

Nalika kamera mbukak lan Deteksi praupan diuripake, arahake kamera menyang

subyek. Nganti limang pasuryan bisa dideteksi, lan saben pasuryan sing dideteksi

bakal dipigura.

2

Penet tombol kamera mudhun separo. Pigura kuning nuduhake pasuryan endi

sing dianggo fokus.

3

Kanggo njupuk potret liyane, penet tombol kamera mudhun kanthi manet.