Sony Xperia L - Babagan kamera

background image

Babagan kamera

Kamera ing piranti dilengkapi sensor Exmor R sensitif, sing mbantu sampeyan njupuk

potret lan video sing cetha sanajan ing lingkungan cahya sing remeng-remeng. Saka

kamera, sampeyan bisa, misale, ngirim potret lan video menyang kanca minangka

pesen, utawa ngunggah menyang layanan web. Piranti uga duwe kamera ngarep, sing

migunani kanggo potret-dhiri.

Ringkesan kontrol kamera

1

Zoom nggedhekake utawa nyilikake

2

Layar kamera utama

3

Tombol kamera – Nguripake kamera/Njupuk potret/Ngrekam video

4

Ndeleng potret lan video

5

Njupuk potret utawa ngrekam klip video

6

Mundur salangkah utawa nutup kamera

7

Ngoper antarane kamera ngarep lan kamera utama

8

Lambang setelan kamera

9

Kamera ngarep

Mbukak kamera

Nalika layar aktif, penet terus tombol kamera.

Nutup kamera

Penet saka layar kamera utama.