Sony Xperia L - Informasi hukum

background image

Informasi hukum

Sony C2105/C2104/

Pandhu Pangguna iki diterbitkake dening Sony Mobile Communications AB utawa perusahaan afiliasi lokal, tanpa

jaminan babar pisan. Perlune dandan lan owah-owahan ing Pandhuan Pangguna iki amarga ana kesalahan

panulisan, isi informasi sing ora akurat, utawa dandan kanggo program lan/utawa peralatan, bakal diowahi dening

Sony Mobile Communications AB sawayah-wayah tanpa kabar. Nanging, pangowahan kasebut bakal digabung

menyang edisi anyar Pandhuan pangguna iki.
©Sony Mobile Communications AB, 2013.
Kabeh hak dilindhungi undang-undang.
Ponsel sampeyan nduweni kemampuan kanggo ngundhuh, nyimpen lan nerusake konten tambahan, kayata

dering. Panggunaan konten kasebut bisa uga diwatesi utawa dilarang dening hak pihak katelu, kalebu nanging ora

winates ing watesan saka undang-undang hak cipta sing ditrapake. Sampeyan, lan dudu Sony, sing tanggung

jawab total kanggo isi tambahan sing diundhuh menyang utawa sing diterusake saka ponsel sampeyan. Sadurunge

nggunakake isi tambahan, verifikasi manawa panggunaan sampeyan wis dilisensi kanthi bener utawa wis diijini.

Sony ora njamin akurasi, integritas utawa kwalitas samubarang isi tambahan utawa samubarang isi pihak katelu.

Ing samubarang kondhisi Sony ora tanggung jawab marang panyalahgunaan isi tambahan utawa isi pihak katelu

liyane.
Pandhuan pangguna iki bisa uga ngrujuk layanan utawa aplikasi sing diwenehake dening pihak katelu. Panggunaan

program utawa layanan kasebut perlu registrasi dhewe karo panyadhiya pihak katelu lan bisa uga tundhuk karo

katemtuan panggunaan tambahan. Kanggo aplikasi sing diakses ing utawa liwat situs web pihak katelu, waca

dhisik sarat panggunaan lan kabijakan privasi sing ditrapake situs web kasebut. Sony ora menehi jaminan utawa

garansi babagan kasadhiyan utawa kinerja samubarang situs web utawa layanan sing ditawakake.
Copot baterei kanggo ndeleng informasi peraturan kayata tandha CE.
Kabeh jeneng produk lan jeneng perusahaan sing disebutake ing kene minangka merek dagang utawa merek

kadhaptar pamilik. Hak liyane sing ora disebutake ing kene tetep dilindhungi. Kabeh merek dagang liyane minangka

properti saka pamilike dhewe-dhewe.
Bukak www.sonymobile.com kanggo informasi sing luwih akeh.
Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake piranti.
Produk iki dilindhungi karo hak properti intelektual tartamtu saka Microsoft. Panggunaan utawa panyebaran

teknologi kasebut ing sanjabane produk iki dilarang tanpa lisensi saka Microsoft.
Pamilik konten nggunakake teknologi manajemen hak digital Windows Media (WMDRM) kanggo nglindhungi

properti intelektuale, kalebu hak cipta. Piranti iki nggunakake piranti lunak WMDRM kanggo ngakses konten sing

dilindhungi WMDRM. Yen piranti lunak WMDRM gagal nglindhungi konten, pamilik konten bisa njaluk Microsoft

mbatalake kemampuan piranti lunak kanggo nggunakake WMDRM kanggo muter utawa nyalin konten sing

dilindhungi. Pembatalan ora mengaruhi konten sing ora dilindhungi. Yen sampeyan ngundhuh lisensi kanggo

konten sing dilindhungi, berarti sampeyan setuju manawa Microsoft bisa ngemot dhaptar panjabutan karo lisensi

kasebut. Pamilik konten bisa njaluk sampeyan ngupgrade WMDRM kanggo ngakses kontene. Yen nolak upgrade,

sampeyan ora bisa ngakses konten sing mbutuhake upgrade.
Produk iki dilisensi karo MPEG-4 visual lan lisensi portofolio paten AVC kanggo panggunaan pribadi lan non-

komersial kanggo (i) enkoding video sing selaras karo standar MPEG-4 visual ("MPEG-4 video") utawa standar AVC

("AVC video") lan/utawa (ii) dekoding video MPEG- 4 utawa AVC sing dienkode dening konsumen sing melu

kegiatan pribadi lan non-komersial lan/utawa dipikolehi saka panyedhiya video sing dilisensi dening MPEG LA

kanggo nyedhiyani video MPEG-4 lan/utawa AVC. Ora ana lisensi sing diwenehake utawa disetujoni kanggo

panggunaan liyane. Informasi tambahan kalebu babagan panggunaan promosi, internal lan komersial lan lisensi

bisa dipikolehi saka MPEG LA, L.L.C. Bukak http://www.mpegla.com. Teknologi dekoding MPEG Layer-3 dilisensi

saka Fraunhofer IIS lan Thomson.

122

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.