Sony Xperia L - Miwiti Email

background image

Miwiti Email

Sampeyan bisa nangani sawetara akun email bebarengan kanthi nggunakake aplikasi

Email, kalebu akun Microsoft Exchange Active Sync perusahaan. Email sing ditampa ing

akun Gmail™ bisa diakses ing piranti saka aplikasi Email lan Gmail™.

Nggunakake akun email

Atur wiwitan akun email ing piranti

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Email.

3

Tindakake instruksi sing katon ing layar kanggo nglengkapi setelan atur wiwitan.

Kanggo sawetara layanan email, sampeyan bisa uga kudu ngontak panyadhiya layanan email

kanggo nggolek informasi bab setelan rinci akun email.

Kanggo nyetel akun email minangka akun gawan

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tunyuk Email.

3

Pencet , banjur tunyuk Setelan.

4

Pilih akun sing arep digunakake minangka akun gawan kanggo nulis lan ngirim

email.

5

Centhang kothak Akun gawan. Kothak mlebu akun gawan katon saben-saben

sampeyan mbukak aplikasi email.

Yen sampeyan mung duwe akun email siji, akun iki kanthi otomatis dadi akun gawan.

Kanggo nambah akun email liyane ing piranti

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Email.

3

Tutul ing ndhuwur layar, banjur tutul Tambah akun.

4

Tik alamat email lan sandhi, banjur tutul Sabanjure. Yen setelan akun email ora

bisa diundhuh kanthi otomatis, rampungake atur wiwitan kanthi manual.

5

Yen dijaluk, tik jeneng akun email, supaya gampang dikenali. Jeneng sing padha

katon ing email sing dikirim saka akun iki.

6

Yen wis rampung, tutul Sabanjure.

Kanggo mbusak akun email saka piranti

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Email.

3

Penet , banjur tutul Setelan.

4

Pilih akun sing arep dibusak.

5

Tutul Busak akun > OK.

Gmail™ lan layanan Google™ liyane

Yen sampeyan duwe akun Google™, sampeyan bisa nggunakake aplikasi Gmail™ ing

piranti kanggo maca, nulis lan ngatur pesen email. Sakwise ngatur wiwitan akun

Google™ ing piranti, sampeyan uga bisa ngobrol karo kanca kanthi nggunakake aplikasi

Google Talk™, nyelarasake aplikasi tanggalan nganggo Google Calendar™, lan

ngundhuh aplikasi lan game saka Google Play™.

Layanan lan fitur sing diterangake ing bab iki bisa uga ora didhukung ing kabeh negara utawa

wilayah, utawa karo kabeh jaringan lan/utawa panyedhiya layanan ing kabeh wilayah.

52

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngatur wiwitan akun Google™ ing piranti

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Setelan > Tambah akun > Google.

3

Tindakake tuntunan pandhaptaran kanggo nggawe akun Google™, utawa mlebu

yen wis duwe akun.

Sampeyan uga bisa mlebu utawa nggawe akun Google™ saka pandhuan atur wiwitan nalika

sepisanan nggunakake piranti. Utawa sampeyan bisa nyambung online lan gawe akun ing

www.google.com/accounts.

Kanggo mbukak aplikasi Gmail™

1

Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2

Temokake banjur tunyuk Gmail .