Sony Xperia L - Nganyarake piranti

background image

Nganyarake piranti

Anyarake piranti nganggo versi piranti lunak paling anyar kanggo entuk kinerja optimal

lan pangapikan paling anyar.

Sampeyan bisa nggunakake aplikasi pusat Anyarake ing piranti kanggo njupuk sing

anyar kanthi nirkabel utawa bisa nggunakake aplikasi PC Companion ing komputer

kanggo ngaktifake sing anyar kanthi nggunakake sambungan kabel USB. Yen njupuk

sing anyar kanthi nirkabel, sampeyan bisa nggunakake jaringan seluler utawa
sambungan jaringan Wi-Fi

®

. Pesthekake yen sampeyan wis nggawe serep lan nyimpen

kabeh data sing disimpen ing piranti sadurunge njupuk sing anyar.

Yen njupuk sing anyar kanthi nggunakake aplikasi pusat Anyarake, bakal ana sambungan data

lan bisa uga dikenani prabeya. Kajaba iku, kasedhiyan njupuk sing anyar liwat jaringan seluler

gumantung saka operator. Hubungi operator jaringan kanggo informasi liyane.

Nganyarake piranti kanthi nirkabel

Gunakake aplikasi pusat Anyarake kanggo nganyarake piranti kanthi nirkabel. Sampeyan

bisa ngundhuh piranti lunak anyar kanthi manual, utawa bisa ngidini layanan Anyarake

kanggo nganyarake piranti kanthi otomatis saben ana undhuhan kasedhiya. Yen fitur

anyarake kanthi otomatis wis urip, ana kabar katon ing garis status saben-saben

kasedhiya ana sing anyar.

Ngundhuh fitur anyarake piranti lunak kanthi manual saka pusat Anyarake

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Pusat Nganyari.

3

Pilih aplikasi utawa sistem anyar sing dipengini banjur tutul Undhuh, utawa tutul

Anyar kbh kanggo ngundhuh kabeh aplikasi anyar.

Aplikasi anyar kanthi otomatis aktif sawise diundhuh. Nganggo sistem anyar, enteni nganti

piranti wiwit maneh, banjur instal bab anyar kanthi manual. Sampeyan bisa kena prabeya

sambungan data yen ngundhuh sing anyar liwat jaringan seluler.

Nguripake fitur anyarake piranti lunak otomatis kanthi nggunakake aplikasi Pusat

Anyarake

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Pusat Nganyari.

3

Penet , banjur tutul Setelan.

4

Wenehi tandha ing kothak centhang Idini ngundhuh otomatis, banjur tutul

Setuju. Sing anyar saiki bisa diundhuh kanthi otomatis yen wis kasadhiya.

Sampeyan bisa kena prabeya sambungan data yen ngundhuh sing anyar liwat jaringan seluler.

Nginstal nganyari sistem

1

Saka layar Ngarep, tunyuk .

2

Temokake banjur tunyuk Pusat Nganyari.

3

Pilih nganyari sistem sing arep diinstal, banjur tutul Instal.

Nganyarake piranti kanthi nggunakake sambungan kabel USB

Sawetara bab anyar ora kasadhiya diundhuh nganggo nirkabel. Kabar katon ing garis

status kanggo ngandhani manawa ana sing anyar. Kanggo ngundhuh lan ngaktifake bab

sing anyar, sampeyan mbutuhake kabel USB lan komputer sing ngaktifake aplikasi PC

Companion. Sampeyan bisa instal PC Companion ing komputer kanthi nggunakake file

instalasi sing disimpen ing piranti, utawa sampeyan bisa ngundhuh aplikasi langsung

saka PC Companion.

112

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngundhuh aplikasi PC Companion saka piranti

1

Sambungake piranti karo komputer nggunakake kabel USB.

2

Yen dijaluk, turuti instruksi ing piranti kanggo wiwit masang PC Companion ing

komputer.

PC Companion uga bisa diundhuh saka PC Companion.

Ngundhuh piranti lunak anyar kanthi nggunakake sambungan kabel USB

1

Instal aplikasi PC Companion ing komputer sing dianggo, yen durung diinstal.

2

Sambungake piranti menyang komputer nggunakake kabel USB.

3

Komputer: Aktifake aplikasi PC Companion. Sawise sawetara wektu, PC

Companion ndeteksi piranti sampeyan lan nlusur piranti lunak anyar kanggo piranti

sampeyan.

4

Piranti: Nalika kabar katon ing garis status, turuti instruksi ing layar kanggo njupuk

piranti lunak anyar sing cocog.

Nganyarake piranti nganggo komputer Apple® Mac®

1

Instal aplikasi Sony™ Bridge kanggo Mac ing komputer Apple

®

Mac

®

sing

digunakake, yen durung diinstal.

2

Nggunakake kabel USB, sambungake piranti sampeyan karo komputer Apple

®

Mac

®

.

3

Komputer: Bukak aplikasi Sony™ Bridge kanggo Mac. Sawise sawetara wektu,

aplikasi Sony™ Bridge kanggo Mac ndeteksi piranti sampeyan lan nlusur piranti

lunak anyar kanggo piranti sampeyan.

4

Komputer: Yen kadeteksi ana piranti lunak anyar, jendhela sembul bakal katon.

Turuti instruksi ing layar kanggo njupuk piranti lunak anyar sing cocog.

Aplikasi Sony™ Bridge kanggo Mac bisa diundhuh saka Bridge for mac.