Sony Xperia L - Goleki piranti

background image

Goleki piranti

Ana sawetara cara goleki lan njaga piranti supaya ora kelangan. Nggunakake layanan

“my Xperia”, sampeyan bisa:

Goleki piranti ing peta.

Swarakake tandha senajan piranti ing mode bisu.

Kunci piranti saka kadohan lan nuduhake informasi kontak.

Ngilangi memori internal lan eksternal saka kadohan ing piranti minangka upaya

pungkasan.

Sadurunge nggunakake layanan “my Xperia”, sampeyan kudu ngaktifake ing piranti.

Sawise layanan diaktifake, sampeyan kudu pindhah menyang myxperia.sonymobile.com

lan mlebu nggunakake akun Google™ sing padha sing wis sampeyan atur ing piranti.

Layanan "my Xperia" iki ora kasedhiya ing kabeh negara/wilayah.

Nguripake layanan “my Xperia”

1

Seret mudhun garis status, banjur tutul .

2

Tutul Xperia™ > MyXperia™ > Aktifake.

3

Wenehi tandha ing kothak centang, banjur tutul Tampa.

117

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.